Dengarkan Rujak Uleg lagu dari Waldjinah dengan lirik

Rujak Uleg

Waldjinah13 Sep 2005

Lirik Rujak Uleg

 

Rujak Uleg - Waldjinah

Lyrics by:Waldjinah

Composed by:Anonymous

Rujak uleg kroso sepet kakehan cengkir

 

Atine judheg dadane sesek kakehan pikir

 

Ngalam ndonyo warno-warno kahanane jarene

 

Mbiyen kondo nalikane perang gede

 

Bondo nyowo dilabuhke negarane jarene

 

Mugo-mugo gek enggalo bubar wae

 

Rujak timun delek-delek terus ngelamun

 

Jarene gumun belanjane cupet nggo tuku sabun

 

Ngalam ndonyo warno-warno kahanane jarene

 

Mbiyen opo saikine katon piye

 

Ati murko nggolek kono ngebut kene jarene

 

Tiwas diongso jebul ra ono mareme

 

Kopi susu ilang kopine kari gelase

 

Awake kuru pacare mlayu entek duite

 

Ngalam ndonyo warno-warno kahanane jarene

 

Ra digagas papan omah kari pagere

 

Bondo bablas anak bojo ra dipikir butuhe

 

Yen ra mawas malah bubrah rumah tanggane

 

 

Yen ra mawas malah bubrah rumah tanggane

.