Lirik Rembulan 2
Ayem rasaning ati
Yen aku nyawang sliramu
Yekti kangmas pepujan nyoto ing atiku
Saben dino mung ngelamun
Eling esem gemuyumu
Aku ra biso oncat
Nyoto tresno
Lahir lan batinku
Tajem soroting netro
Agawe getering nolo
Arum rambutmu ambabaring sak isi ndonyo
Nyoto sliramu sulistyo
Solah tingkah kadya sembodro
Sunare rembulan tulung wartakno
Mibero liwat angin ning wengi
Layangno tresno tulus ing ati
Rasaning ati wegah yen to amung nyawang
Asmoro yekti pengin tansah sesandhingan
Howoning jero batinku iki
Amung nyoto pengin biso nduweni
Pepalang tresno mugo biso dilakoni
Kasembadan nggayuh tresnaku kang suci
Tajem soroting netro
Agawe getering nolo
Arum rambutmu ambabaring sak isi ndonyo
Nyoto sliramu sulistyo
Solah tingkah kadya sembodro
Sunare rembulan tulung wartakno
Mibero liwat angin ning wengi
Layangno tresno tulus ing ati
Rasaning ati wegah yen to amung nyawang
Asmoro yekti pengin tansah sesandhingan
Howoning jero batinku iki
Amung nyoto pengin biso nduweni
Pepalang tresno mugo biso dilakoni
Kasembadan nggayuh tresnaku kang suci
Ora bakal ilang amergo tresnaku tulus lan suci