Lirik Aku Rak Wis Kandha
Mbiyen mulo aku rak wes kandha
Mring keng slira sasat saben ndina
Tansah tak pituturi sarto tak wewarahi
Amrih becik ing tembe mburi
Yen tak kira mesti bisa nompo
Sak kabehe tutur kang utama
Yen andulu ing yuswa kang kelewat dewasa
Pancene ra bakal sulaya
Ning nyatane nyepelekke
Kabeh sing tak tuturake
Apa pancen wes takdire
Cendek derajate
Mbiyen mulo aku rak wes kandha
Mring keng slira sasat saben ndina
Tansah tak pituturi sarto tak wewarahi
Nanging kowe sing ora ngerti
Mbiyen mulo aku rak wes kandha
Mring keng slira sasat saben ndina
Tansah tak pituturi sarto tak wewarahi
Amrih becik ing tembe mburi
Yen tak kira mesti bisa nompo
Sak kabehe tutur kang utama
Yen andulu ing yuswa kang kelewat dewasa
Pancene ra bakal sulaya
Ning nyatane nyepelekke
Kabeh sing tak tuturake
Apa pancen wes takdire
Cendek derajate
Mbiyen mulo aku rak wes kandha
Mring keng slira sasat saben ndina
Tansah tak pituturi sarto tak wewarahi
Nanging kowe sing ora ngerti