Dengarkan lagu Nagih Janji nyanyian Lia Agista dengan lirik

Nagih Janji

Lia Agista25 Jan 2018

Lirik Nagih Janji

Lia Agista - Lia Agista

Kelingan rikolo urip bebarengan

Bungah susah kabeh ra dadi alangan

Senadyan sedino mung mangan sepisan

Ati seneng anggone urip bebayan

Nanging saiki uripmu wis mulyo

Banjur lali rikolo jaman semono

Mangan enak turu penak kerjo penak

Jur lali marang aku sing ngrumat anak

Tego tenan sliramu marang awakku

Ma tinggal lungo suwe opo lali aku

Saiki tak tagih ne janji janjimu

Lali aku ojo lali anakmu

Anakmu saiki wis gede gede

Pingin nyuwun pirso sopo to bapake

Udan tangis atiku tambah nelongso

Ning atiku komalako siolo sio

Yo pancen wis suwe anggonku lo

Gonku urip adu nasib ono kutho

Aku ninggal anak bojo lan wongtuwo

Urip ning ndeso tansah keloro loro

Pancen saiki uripku wis mukti

Nanging ojo mbok anggep aku wis lali

Jroning ati mung tansah ono sliramu

Luwih luwih dadi sumpah jroning atiku

Pancen wis dadi sumpah roning atiku

Yen durung biso keturutan karepku

Aku ra bakal lali mring wekasanmu

Mung tak jaluk sabar ngenteni tekanku

Yen anakmu takon sopo bapake

Kuwi kabeh ngono wis ono benere

Kandanono aku sih nyambut gawe

Gomuyake anakmu klawan kowe

 

Gomuyake anakmu klawan kowe