Aku Cah Kerjo Lyrics
Aku Cah Kerjo - Tasya Rosmala
Lyrics by:Chgb Record
Composed by:Chgb Record
Bebasan nunggu mongso rendeng
Anggongku le ngenteni kowe
Wes ono sesasi
Genep dino iki
Mas yen pancen tresnoku iki
Mbok anggep ra ono gunane
Aku ra kuciwo
Lan aku ra loro
Mas lungaku ra keget cidro
Aku lagi pengen mikir kerjo
Tak jaluk kowe ojo
Keloro-loro
Mas tresnaku mung siji kowe
Langit bumi kang dadi seksine
Yen neng ati ra ono
Wong lanang liyo
Kowe rasah sok mutusi
Aku ra neng endi-endi
Aku lungo amung golek rejeki
Pangapurane awakku
Ratau nyanding sliramu
Mergo tuntutan kerjoku
Nganti ora nduwe wektu
Wektu kanggo ngancani
Ugo ngeterke nyanyi
Kowe kudu ngerti
Lungaku golek rejeki
Dongakno lakuku
Ngayahi kewajibanku
Senajan abot kanggomu
Nanging kuatno atimu
Wes dadi kahanan
Aku lungo adoh paran
Ora bakal kelegan
Nyanding wedokan liyan
Mas lungaku ra keget cidro
Aku lagi pengen mikir kerjo
Tak jaluk kowe ojo keloro-loro
Mas tresnaku mung siji kowe
Langit bumi kang dadi seksine
Yen neng ati ra ono wong lanang liyo
Ojo keloro-loro
Lungaku ra keget cidro
Opo meneh nganti mikir
Aku wes ora tresno
Yo mung kowe sing tansah
Ono neng njero dodo
Ra ono trensno liyo
Mergo aku tansah setio
Kudu percoyo tresnoku iki mung siji kowe
Wani sumpah mati neng ati ra ono liyane
Janjiku tak buktekke ora mung ono lambe
Tunggunen baliku bebrayan
Tekane sak lawase
Mas lungaku ra keget cidro
Aku lagi pengen mikir kerjo
Tak jaluk kowe ojo keloro-loro
Mas tresnaku mung siji kowe
Langit bumi kang dadi seksine
Yen neng ati ra ono wong lanang liyo
Kowe rasah sok mutusi
Aku ra neng endi-endi
Aku lungo amung golek rejeki
Anggonku ngabari yo mung lewat bbm-an
Kadang sinyal angel
Marai dadi penghalang
Neng yo kudu sabar
Ora usah nggo nesunan
Mergo trenso kui mestina akeh pacoban
Sing tak jaluk kowe
Ojo nganti ilang roso
Senajan aku kerep gawe gelo lan kuciwo
Jembarno atimu sak jembare laut samudro
Kowe kudu ngerti yen aku iki cah kerjo
Mas yen pancen kuwi karepmu
Aku yo mung tansah biso nunggu
Tak kuatne atiku tanpo sliramu
Mas nadyan kowe lungo kerjo
Sing tak jalu kowe tetep setio
Ojo nganti kegudho wanito liyo
Sabaro aku yo mung cah kerjo