Asmaranala Lyrics
Asmaranala - Royal Music/Silvy Kumalasari/Wahyu F Giri
Lyrics by:Hadis NW
Composed by:Hadis NW
Arranged by:Royal Music
Produced by:RC MUSIC
Binarunging kidung tresno
Mongko prasetyaning jiwo
Nadyan pinalangan samudro hagni
Datan mingguh tan pekewuh
Genging tresno mbingkas sakehing rubedo
Oooo
Sumawur cahyo lintang
Asri rinenggo ing awang-awang
Anekseni prasapaning ati
Yo mung siro juwito kang tak tresnani
Sinurung ing pamuji
Ubayane datan mbalenjani
Labuh tresno akeh ing rubedo
Panyuwunku kukuh ing prasetyo
Senadyan nyabrang samudro hagni
Setyaku ora bakal sun lincati
Senadyan munggah pucuking argo
Tresnoku ra bakal sirno
Sakehing rubedo kang tumeko
Sirno awit gedhene roso tresno
Sinawung kidung asmoro nolo
Setya tumeko oncating nyowo
Senadyan nyabrang samudro hagni
Setyaku ora bakal sun lincati
Senadyan munggah pucuking argo
Tresnoku ra bakal sirno
Sakehing rubedo kang tumeko
Sirno awit gedhene roso tresno
Sinawung kidung asmoro nolo
Setyo tumeko oncating nyowo
Setyo tumeko oncating nyowo
Hoo noooo
Hoo noooooo