收聽Dara Ayu的Lintang Asmoro歌詞歌曲

Lintang Asmoro

Dara Ayu, Bajol Ndanu2024年1月14日

Lintang Asmoro 歌詞

Lintang Asmoro - Dara Ayu/Bajol Ndanu

Lyrics by:Dru wendra/Galih yuana

Composed by:Dru wendra/Galih yuana

Wong ayu tresnomu kinarya tamba

Susah jroning batinku

Wong bagus antepno rasa atimu

Tresnaku tulus jroning kalbu

 

Siang pantara ratri

Mung eling manising ati

Sedyaku bisa anduweni

Marang sang dyah sulaksmi

 

Rasa kangen kang nglimputi

Lintang bulan dadi seksi

Ubayane datan mbalenjani

Janji sebaya mukti sebaya pati

 

Wong ayu tresnamu kinarya tamba

Susah jroning batinku

Wong bagus antepna rasa atimu

Tresnaku tulus jroning kalbu

Senadyan ngarungi banyu segara

Rasaku rabakal sirna

Senadyan nyawa oncat saka raga

Wis tresna rabisa dipisahna

 

Siang pantara ratri

Mung eling manising ati

Sedyaku bisa anduweni

Marang sang dyah sulaksmi

 

Rasa kangen kang nglimputi

Lintang bulan dadi seksi

 

Ubayane datan mbalenjani

Janji sebaya mukti sebaya pati

 

Wong ayu tresnamu kinarya tamba

Susah jroning batinku

Wong bagus antepna rasa atimu

Tresnaku tulus jroning kalbu

Senadyan ngarungi banyu segara

Rasaku rabakal sirna

Senadyan nyawa oncat saka raga

Wis tresna rabisa dipisahna

 

Wis tresna rabisa dipisahna