收聽Manbaul Hikmah Kaliwungu Choir的Syair Krasan Mondok歌詞歌曲

Syair Krasan Mondok

Manbaul Hikmah Kaliwungu Choir2021年6月8日

Syair Krasan Mondok 歌詞

Syair Krasan Mondok - Manbaul Hikmah Kaliwungu Choir

Lyrics by:Fan Naa Na Muhammad

Composed by:Fan Naa Na Muhammad

Arranged by:Fan Naa Na Muhammad

Produced by:Pondok Pesantren Manbaul Hikmah Kaliwungu Kendal

Ibu bapak kula matur

 

Kula krasan wonten pondok

 

Amargi ten pondok wonten Abah Kyai

Ingkang tulus ikhlas mengasuh kula

 

Amargi ten pondok ustadz lan ustadzah

Tulus ikhlas ngajari marang kula

 

Ibu bapak kula matur

 

Kula krasan wonten pondok

 

Amargi ten pondok kula kathah kanca

Ndadoske kula kathah pengalaman

 

Amargi ten pondok kula kathah kanca

Nambah sedulur saking ngendi papan

 

Ibu bapak kula matur

 

Kula krasan wonten pondok

 

Amargi ten pondok kula nggih sinau

Maneka werni-werni macem ilmu

 

Amargi ten pondok dituturi tawadhu

Sopan lan santun marang parang guru

 

Ibu bapak kula matur

 

Kula krasan wonten pondok

 

Ibu bapak ampun khawatir lan getun

Ten mriki sae keadaanipun

 

Kula nyuwun mawon donga restunipun

Mugi saged manfaat ilmunipun