收聽Irenne Ghea的Lamunan歌詞歌曲

Lamunan

Irenne Ghea2024年3月9日

Lamunan 歌詞

Lamunan - Irenne Ghea

Lyrics by:Wahyu F. Giri

Composed by:Wahyu F. Giri

Sumribit angin ratri tansah hangenteni

Setya nrajang telenging ati

Angen-angen tumlawung suwung ing wengi sepi

Tansah angranti tekamu dhuh yayi

Wong bagus age nyedhaka ning sandhingku

Nyawang manise esemmu

Gawe lereme rasaku tentrem ing atiku

Haywa pegat tresnamu sayangku

Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan

Tresnaku mring sliramu sayang

Cahyane bulan kang sumunar abyor ing tawang

Yekti sliramu kang dadi lamunan

Wong bagus age nyedhaka ngekep ragaku

Sirnakna lara branta ing atiku

Amerga kabidhung wewayangmu ing pikirku

Haywa pegat tresnamu dhuh sayangku