收聽Hana Monina的Ra Iso Dadi Siji歌詞歌曲

Ra Iso Dadi Siji

Hana Monina, Tegar Ramadhan2023年5月3日

Ra Iso Dadi Siji 歌詞

Ra Iso Dadi Siji - Hana Monina/Tegar Ramadhan

Lyrics by:Gendut Ghilaz

Composed by:Gendut Ghilaz

Ra Iso Dadi Siji - Hana Monina/Tegar Ramadhan

Lyrics by:Gendut Ghilaz

Composed by:Gendut Ghilaz

Aku tresno ro kowe

Tresno seng sak tenane

Kabeh wes tak kek'ne ro kowe

Sayange

Senajan aku wes nduwe

 

Bojo seng sak tenane

 

Nanging aku tresnone yo mung

 

Ro kowe

 

Roso ati ra tenang mikirke selingkuhan

Tansah tak awang-awang

Mabur koyo layangan

Padahal bojo neng omah

Mikirke dadi susah

Opo seng kudu dilakoni

Aku bingung sendiri

Pancen tak akoni

Tresnoku setengah mati

Tapi aku ra wani

Ngingkari janji suci

Mungkin kowe udu jodoku

Tapi aku sayang padamu

Jujur seko jero atiku

Sayang aku ikhlas trimo

Dadi seng keloro

Snajan abot roso tresno

Seng tak songgo

 

Sabar sak untoro sayang

Aku yo wes berjuang

Ndadekke ngimpi tenanan

 

Mugo kabeh iso lancar

Buang kabeh kenangan

Ikhlas lan sabar sayang

 

Cincin wes ngelingker

Neng jari manisku

Janji yo wes tak ucap

Neng ngarep penghulu

Saiki yo uwes telat

Arep ngomongke cidro

Aku mong ameh ndungo mugo kowe bahagio

Senajan setatusku saiki ora dewe

Tapi ojo nganti leren tresnaku karo kowe

Mugo-mugo kabeh dikei dalan

Supoyo dadi padang

Anggone awak dewe lek gendak'an

Sayang aku ikhlas trimo

Dadi seng keloro

 

Snajan abot roso tresno

Seng tak songgo

 

Sabar sak untoro sayang

Aku yo wes berjuang

Ndadekke ngimpi tenanan

Mugo kabeh iso lancar

Buang kabeh kenangan

Ikhlas lan sabar sayang

 

Aku mung iso nerimo

Kowe gone wong liyo

Tresno ra iso dipeksano

Aku tetep sayang kowe

Tekane sak lawase

Aku bahagia nyawang kowe

 

Tanganku wes ono cincin

Janji setio lan suci

Aku ra iso nepati

Kowe pancen tak tresnani

Biyen tekan saiki

Tapi ra iso dadi siji

Tapi ra iso dadi siji