Lilo 歌詞
Lilo - Difarina Indra Adella
Lyrics by:S Harsono
Composed by:S Harsono
Apa wis ora kelingan
Sumpah janjimu mung marang aku
Sineksen lintang rembulan
Jarene tresnamu mung kanggo aku
Wis nganti telung ketiga
Nanging sliramu ra kirim warta
Banjur saiki wis teka
Kowe malah gandheng perawan liya
Ora nyana ora ngira
Kowe medhot talining asmara
Tresnaku kang tulus suci
Ra mbok jaga malah mbok blenjani
Apa pancen wis nasibku
Kudu pisahan karo sliramu
Nanging abot jroning ati
Merga aku ra bisa duweni
Lila atiku wis lila
Nadyan batinku kelara-lara
Nanging aku ra kuwawa
Merga aku wis kebacut tresna
Apa wis ora kelingan
Sumpah janjimu mung marang aku
Sineksen lintang rembulan
Jarene tresnamu mung kanggo aku
Wis nganti telung ketiga
Nanging sliramu ra kirim warta
Banjur saiki wis teka
Kowe malah gandheng perawan liya
Ora nyana ora ngira
Kowe medhot taline asmara
Tresnaku kang tulus suci
Ra mbok jaga malah mbok blenjani
Apa pancen wis nasibku
Kudu pisahan karo sliramu
Nanging abot jroning ati
Merga aku ra melu duweni
Lila atiku wis lila
Nadyan batinku kelara-lara
Nanging aku ra kuwawa
Merga aku wis kebacut tresna