Dengarkan lagu Lintang Asmoro nyanyian Dinda Teratu dengan lirik

Lintang Asmoro

Dinda Teratu23 Jan 2024

Lirik Lintang Asmoro

Lintang Asmoro - Dinda Teratu

Lyrics by:Dru Wendra Wedhatama/Galih Yuana

Composed by:Dru Wendra Wedhatama/Galih Yuana

Produced by:AMBYAR EVERYWHERE

Wong bagus tresnamu kinaryo tombo

Susah jroning batinku

Wong bagus antebno roso atimu

Tresnaku tulus jroning kalbu

Siang pantoro ratri

Mung eling manising ati

Sedyaku biso anduweni

Marang sang dyah sulaksmi

Roso kangen kang nglimputi

Lintang bulan dadi seksi

Ubayane datan mbalenjani

Janji seboyo mukti seboyo pati

Wong bagus tresnamu kinaryo tombo

Susah jroning batinku

Wong bagus antebno roso atimu

Tresnaku tulus jroning kalbu

Senadyan ngarungi banyu segoro

Rosoku ra bakal sirno

Senadyan nyowo oncat soko rogo

Wis tresno ra biso dipisahno

Siang pantoro ratri

Mung eling manising ati

Sedyaku biso anduweni

Marang sang dyah sulaksmi

Roso kangen kang nglimputi

Lintang bulan dadi seksi

Ubayane datan mbalenjani

Janji seboyo mukti seboyo pati

Wong ayu tresnamu kinaryo tombo

Susah jroning batinku

Wong bagus antebno roso atimu

Tresnaku tulus jroning kalbu

Senadyan ngarungi banyu segoro

Rosoku ra bakal sirno

Senadyan nyowo oncat soko rogo

Wis tresno ra biso dipisahno

 

Yen wis tresno ora biso dipisahno