Dengarkan Ora Cucul Ora Ngebul lagu dari Jogja Hip Hop Foundation dengan lirik

Ora Cucul Ora Ngebul

Jogja Hip Hop Foundation17 Feb 2019

Lirik Ora Cucul Ora Ngebul

Pak Dul sirahe gundul

Tuku rokok neng Pasar Sentul

Arepo silul kudu wani cucul

Ora cucul ora ngebul

Petruk bingung ngekep bojone

Pikiran nglamun mikir gendakane

Pancen kadung rusak negarane

Mula aja gumun nek rakyate kere

Nek wong sugih le gendakan ning hotel sing larang

Bermain cinta lupa daratan ra konangan

Nek wong kere le gendakan ning hotel murahan

Durung nganti anget kena razia kisinan

Nek wong gede konangan selingkuh malah kondang

Nek wong cilik sing konangan diarak telanjang

Apa kaya ngene jeneng negara berjuang

Segala sesuatu ditentukan dengan uang

Padapada gendakan hukume dewedewe

Pancen hukum kui gendakane wongwong gede

Wong cilik kerja sengsara ninga tetep kere

Wong gede kemaki urip sak karepe dewe

Liraklirik karepe ngejak turu kelonan

Koalisi politike mung perselingkuhan

Beras larang minyak mundak ra karukaruan

Politike nglambrah mung ribut ngurus gendakan

Mula aja munafik kaya wongwong politik

Dadia wong seni kritis peduli ro wong cilik

Wong politik munafik ra gelem nampa kritik

Geleme nampa duit cacahe ra sethithik

Pak Dul sirahe gundul

Tuku rokok neng Pasar Sentul

Arepo silul kudu wani cucul

Ora cucul ora ngebul

Pak Dul sirahe gundul

Tuku rokok neng Pasar Sentul

Arepo silul kudu wani cucul

Ora cucul ora ngebul

Ana kancaku pelukis kluyuran bengibengi

Pamite lunga jare arep golek inspirasi

Neng ndalan ketemu karo temon bodine seksi

Kenalan terus gelem digambar ra nganggo klambi

Bar digambar temone seneng ora karuan

Saking senenge nganti gelem dijak kelonan

Cepetcepet gage do golek hotel murahan

Lagi krusakkrusek la kok yo ana gropyokan

Sing nggropyok polisi numpak pickup bakul kursi

Tanpa basabasi kabeh kamar disatroni

Banjur diklumpukke dikon antri sijisiji

Kabeh digeledah nek ana sing nyolong wadi

Polisi muni anda telah berbuat ruyal

Itu artinya anda sudah melanggar moral

Pelukise takon apa moral iku mural

Nek cen kui aku ngerti ayo gek ndang budhal

Moral itu adalah tata susila

Siapa yang melanggar akan kena razia

Pelukise takon apa toh tata susila

Apa pada karo wanita tuna susila

Polisine muni kepiye nek damai wae

Damai kui artine wani piro mbayare

Pelukise nyaut durung perang kok wis damai

Wong durung telanjang kok wis digawe rame

Pak Dul sirahe gundul

Tuku rokok neng Pasar Sentul

Arepo silul kudu wani cucul

Ora cucul ora ngebul

Pak Dul sirahe gundul

Tuku rokok neng Pasar Sentul

Arepo silul kudu wani cucul

Ora cucul ora ngebul

Akale wong lanang nek dolan ning Pasar Kembang

Gawe alasan golek aman ben ra konangan

Politik saiki cen seneng maen belakang

Njabane resik jebul jerone selingkuhan

Lumpur Lapindo metune soko Sidoarjo

Bojo loro kabeh kok seneng nggodha

Wis merdeka sih ono kumpeni Londo

Nembaki rakyat

Rakyat neng alas Tlogo

Nganggo tangktop mlaku ning Pasar Bantul

Sangu kates katese mentalmentul

Rakyat ditembak

Ditembak betulbetul

Tapi jare kena peluru mantul

Buah Langsep tuku regane larang

Motore nyungsep

Nyungsep ning njero kotang

Negara lemes merga kakean utang

Bandane ludes le nilep pada ilang

Manuk Podang mabur mlebu kurungan

Gage dikancing nganggo gembok kuningan

Ra entekentek lehku seneng gendakan

Nganti modyar nganti tekan kuburan

Kadung remen ceweke Cak Paimo

Cekap semanten niki atur kawula

Ana kupat kecemplung ning njero santen

Menawi lepat kawula nyuwun ngapunten

Pak Dul sirahe gundul

Tuku rokok neng Pasar Sentul

Arepo silul kudu wani cucul

Ora cucul ora ngebul

Pak Dul sirahe gundul

Tuku rokok neng Pasar Sentul

Arepo silul kudu wani cucul

 

Ora cucul ora ngebul

Komentar untuk Ora Cucul Ora Ngebul (15)

Tyo Ni'gros
Tyo Ni'gros

Lagunya mewakili Suasana Politik skrg ini keren Jogja Hip Hop Foundation 👍

MH Widayat
MH Widayat

🫢

Tristan
Tristan

lagunya enak kalau lagi gabut

Fransisca Oktaviani
Fransisca Oktaviani

kalo badmood, denger lagi ini gak jadi badmood

Devi Wulandari
Devi Wulandari

♥️

Akbar
Akbar

Gokill

Mafis Niesya
Mafis Niesya

the best

Seftya Nurmalasari Odilia
Seftya Nurmalasari Odilia

best🙌

Arya Nursetya Wibisono
Arya Nursetya Wibisono

ora cucul ora ngebul, ora nde duer perkoro raiso bar

Bonjoll Lee
Bonjoll Lee

tuku rokok nng pasar sentull..