Jineman KANDEG Pl. 6 Lyrics
Jineman KANDEG Pl. 6 - Ngatirah/Sutantinah/Nyi Panut
Lyrics by:Traditional
Composed by:Sunarto Ciptasuwarso
Woting ati
Mung sira wong merak ati
Dhasar khewes
Gandes luwes sak solahe
Cunduk kempar mlathi
Ngambar arum ganda wangi
Ngagem rimong plangi
Wimbuh angreseping ati
Pacake tindake
Kaya macan luwe
Mblarak sempal lembehane
Dadi lan pantese
Angendika arum
Gumebyar katon tejane
Tledak tledok sareh
Kasakati ngujiwate
Kang pindha mustika
Sak eba endahe
Ing panggodha lan sentosa
Trus lahir batine
Jroning ratri
Ana ganda amrih wangi
Ngambar ambar
Angebaki tamansari
Ramyang ramyang katon
Kang mobah tanjung abange
Dadya kerat kerot
Aneng balumbang dununge
Saengga ambeksa
Prigel sak solahe
Rembulane anyoroti
Taman sak isine
Kumricik kang warih
Gawe raras iramane
Kembang anggrek wulan
Mentul mentul ngawe awe
Dadiya tuladha
Santosa sedyane
Mulat taman dadi srana
Tentreming atine