Kuncung 歌词
Kuncung - Dina
Lyrics by:Didi Kempot
Composed by:Didi Kempot
Cilikanku rambutku dicukur kuncung
Katokku soko karung gandum
Klambiku warisane mbah kakung
Sarapanku sambel korek sego jagung
Kosokan watu ning kali
Nyemplung ning kedhung
Jaman dhisik durung usum sabun
Andhukku mung cukup andhuk sarung
Dolananku montor cilik soko lempung
Bis holobis kuntul baris
Rekasane saiki wis
Bis holobis kuntul baris
Gegere gek mbok ndang uwis
Tanggal limolas padhang njingglang mbulane bunder
Aku dikudang sok yen gedhe dadi dokter
Tanggal limolas padhang njingglang mbulane bunder
Bareng wis gedhe aku disuntik bu dokter
Ho no co ro ko do to so wo lo
Iki cerito jaman semono
Po do jo yo nyo mo go bo tho ngo
Iki cerito soko wong tuwo
Kosokan watu ning kali
Nyemplung ning kedhung
Jaman dhisik durung usum sabun
Andhukku mung cukup andhuk sarung
Dolananku montor cilik soko lempung
Bis holobis kuntul baris
Rekasane saiki wis
Bis holobis kuntul baris
Gegere gek mbok ndang uwis
Tanggal limolas padhang njingglang mbulane bunder
Aku dikudang sok yen gedhe dadi dokter
Tanggal limolas padhang njingglang mbulane bunder
Bareng wis gedhe aku disuntik bu dokter
Ho no co ro ko do to so wo lo
Iki cerito jaman semono
Po do jo yo nyo mo go bo tho ngo
Iki cerito soko wong tuwo