Suwukan Jaran Kepang 歌词
Sang lindung
Aku ora duwe ingkung
Sang lindung
Aku aja digawe binggung
Kaki danyang
Nini danyang
Jaran kepangku
Balekna ngandhang
Eee jaran putih
Ngalor mlayune
Jaran abang
Ngidul mlayune
Kaeee jaran kuning
Ngetan mlayune
Jaran ireng ngulon mlayune
Sliramu sing nyekel pecute
Jo malah kegeret playune jaran
Aja padha keseret ngalor
Lan aja padha keseret ngidul
Aja padha keseret ngetan
Lan aja padha keseret ngulon
Sing mencit methithit
Ngener marang langit
Manunggal marang Pangeranmu
Muliha menyang kandhangmu
Yaiku keblat papat
Kuko lima pancermu
Sang lindung
Aku ora duwe ingkung
Sang lindung
Aku aja digawe binggung
Kaki danyang
Nini danyang
Jaran kepangku
Balekna ngandhang
Remmmm
Jaranmu tansah merem
Mung sliramu sing
Weruh ana ing tujuwe
Jaranmu tansah luwe
Mung sliramu sing
Weruh ana ing watessu
Jaranmu tansah nepsu
Mung sliramu sing
Weruh ana ing prelu
Yen gelem
Diseret jaranmu
Ngkuwihi tujumu
Watesmu lan prelumu
Sira bakal ora weruh ing tuju
Ora weruh ing wates
Ora weruh ing prelu
Tujumu watesmu prelumu
Yaiku tetelu
Keblat bejane uripmu
Sang lindung
Aku ora duwe ingkung
Sang lindung
Aku aja digawe binggung
Kaki danyang
Nini danyang
Jaran kepangku
Balekna ngandhang
Amek banyu apepikulan warih
Jaranmu iku jaran banyu
Aja numpak yen sliramu
Durung weruh segering banyu
Amek geni adedamaran
Jaranmu iku jaran geni
Aja numpak yen sliranmu
Durung weruh padhanging geni
Apa kang ginayuh ing wektu
Bakal kasembadan yen sliramu
Apepikulan segering atimu
Lan dedamaran
Padhanging budimu
Sang lindung
Aku ora duwe ingkung
Sang lindung
Aku aja digawe binggung
Kaki danyang
Nini danyang
Jaran kepangku
Balekna ngandhang
Sang lindung
Leyang arane kepang
Sang lindung
Kidang arane jaran
Ajuju si wringin sungsang
Kinubeng ing kumbala geni
Pyur ilang dadi banyu puyih
Wujurmd tunggal waluya jati
Sira muliha nang negaramu
Ing watu koyo iku
Mutmainah jaran putihmu
Lumepasna kekarepanmu
Amarah jaran abangmu
Singkirna angkara murkamu
Supiyah jaran kuningmu
Tebihna alane gegayuhanmu
Aluamah jaran irengmu
Luwarna srakahe wetengmu
Sang lindung
Aku ora duwe ingkung
Sang lindung
Aku aja digawe binggung
Kaki danyang
Nini danyang
Jaran kepangku
Balekna ngandhang