Ngujiwat (feat. Sujiyati) 歌词
Nglamlami ngujiwate
Yen anggeget lathi anjinggit alise
Sak solah bawane
Lencir kuning nyengsemake
Sinawang yen ngujiwat
Pamikir tan kuwat kaya arep nekat
Suwe-suwe tamat
Prasasat anggayuh jimat
Yen tengah wengi
Pangrasaku kaya wis sumandhing
Aduh wong kuning
Lirik ing netra kang wening
Amung tansah tak lalekke
Nanging trus eling
Wekasan pepuntonku
Umpamane sekar aja nganthi layu
Kanggo cecundhukmu
Amung ndika mustikaku
Yen tengah wengi
Pangrasaku kaya wis sumandhing
Aduh wong kuning
Lirik ing netra kang wening
Amung tansah tak lalekke
Nanging trus eling
Wekasan pepuntonku
Umpamane sekar aja nganthi layu
Kanggo cecundhukmu
Yo mung ndika mustikaku