Ijo Ijo Lyrics
Ijo Ijo - Manthou's
Lyrics by:Ki Narto Sabdho
Composed by:Manthou's
Jo ijo kembang kenongo
Kembang mlati putih rupane
Duwe bojo mas ojo sembrono
Kanggo siji kanggo sak lawase
Putih putih dik kembang melati
Ijo ijo godhong meniran
Karepe munu dik yo mung yo mung yo mung siji
Yen dadi loro aku kebetulan
Jo ijo si manalagi
Manalagi legi rasane
Duwe bojo kudu sing gemati
Golek gaje tembung mburine
Abang abang dik wedange jahe
Kanggo wedangan dik karo morotuwo
Dadi wong lanang dik iku iku iku patrape
Kalah menang hi menengo wae
Tuku salak mas diwadahi panci
Salak sepet setali limo
Senadyan gelak mas nanging nanging nanging gemati
Tingkat ngider ra wani lungo
Nam kupat om janure wis tuwo blarak
Nang wonosari ojo sarungan isis
Yen lepat kulo nyuwun ngapuro
Lelagon iki namung guyonan