Sekonyong Konyong Koder Lyrics
Sekonyong Konyong Koder - Didi Kempot (迪迪·肯波特)
Lyrics by:Didi Kempot
Composed by:Didi Kempot
Cintaku sekonyong konyong koder
Karo kowe wong ayu sing bakul lemper
Lempermu pancen super resik tur anti laler
Yen ra pethuk sedino neng sirah nggliyer
Cintaku sekonyong konyong koder
Paribasan durung demok wani panjer
Modal bensin seliter montorku tak setater
Tak ampiri ayo tak ajak muter muter
Tiwas aku dandan mlipit
Rambutku lengane pomit
Malah kowe lungo plencing
Ora pamit mit mit mit miiit
Biiir temulawak
Nggon ku mikir neng awak nganti rusak
Rusak njobo njero
Sing tak pikir jebule koyo ngono
Kembang jambu grogot dipangan uler ler
Cintaku sekonyong konyong koder
Uler keket eh mlakune klogat kloget
Allah jabang bayi jebul aku keno pelet
Cintaku sekonyong konyong koder
Karo kowe wong ayu sing bakul lemper
Lempermu pancen super resik tur anti laler
Yen ra pethuk sedino neng sirah nggliyer
Cintaku eh sekonyong konyong koder
Paribasan durung demok wani panjer
Modal bensin seliter montorku tak setater
Tak ampiri ayo tak jak muter muter
Tiwas aku dandan mlipit
Rambutku lengane pomit
Malah kowe lungo plencing
Ora pamit mit mit mit miiit
Biiir temulawak
Nggon ku mikir neng awak nganti rusak
Rusak njobo njero
Sing tak pikir jebule koyo ngono
Kembang jambu grogot dipangan uler ler
Cintaku sekonyong konyong koder
Uler keket eh mlakune klogat kloget
Allah jabang bayi jebul aku keno pelet
Cintaku sekonyong konyong koder
Bakol lemper marake sirahku nggliyer