Andum Basuki Lyrics
Kambang-kambang kumembeng waspoku mijil
Pasrah kang kuwoso
Nrimo panduming dumadi
Timbang andedowo loro
Biyen sopo sing marahi
Wekasane teko mbalenjani
Sopo boyo dititeni
Ing tembene yen podho menangi
Opo dikiro wong kuwi
Sak lawase katon edi peni
Mundhak dino mundhak sasi
Suwe-suwe dadi kaki nini
Pancen adi
Rembulan yen ndadari
Bareng wanci
Bang wetan ganti warni
Dikandhani dituturi
Mung emane ora diperduli
Puluh-puluh wis pinesthi
Sak banjure mung andum basuki
Biyen sopo sing marahi
Wekasane teko mbalenjani
Sopo boyo dititeni
Ing tembene yen podho menangi
Opo dikiro wong kuwi
Sak lawase katon edi peni
Mundhak dino mundhak sasi
Suwe-suwe dadi kaki nini
Pancen adi
Rembulan yen ndadari
Bareng wanci
Bang wetan ganti warni
Dikandhani dituturi
Mung emane ora diperduli
Puluh-puluh wis pinesthi
Sak banjure mung andum basuki