Arum Ndalu (Kepangku Kapang 2) Lyrics
Arum Ndalu(Kepangku Kapang 2) - Rena
Lyrics by:Adif Marhaendra
Composed by:New Pallapa
Sumerbak nyirep teleng ati
Ngambar arum mlathi king atri
Wewangenmu dino kawuri
Seksi katresnan sejati
Nyawang pasuryanmu ing tawang
Ketaman ayune sri wulan
Kaya kaya wus sesandhingan
Senadyan amung wewayang amung wewayang
Kelingan setyamu kelingan sedyamu
Nalika nate janji janji
Sebo ing dampar ati
Nglali opo wis lali
Sekar kang rinonce datan kedunung
Nandang lelakon tuwuh getun keduwuh
Tumetes waspo tibo ing lembayung
Pindha ombak samudra kan kebendhung
Mega mendhung tan kandheg tetangis
Nelesi kembang ati sing atis
Natil kati andhong ning lamis
Kagodha lathi kang lamis grentes ginaris
Yuk hey
Sekar kang rinonce datan kedunung
Nandang lelakon tuwuh getun keduwuh
Tumetes waspo tibo ing lembayung
Pindha ombak samudra kan kebendhung
Ginurit endah sastro kang semu
Tansah ngreridu jroning lamunku
Tan soyo kego amung sliramu
Nyata jejantung ing tilam sariku
Cahyo netraku