Asmaranala Lyrics
Asmaranala - Wahyu F Giri/Adinda Anggun
Lyrics by:Hadis Nur Wahid
Composed by:Hadis Nur Wahid
Produced by:MsP Studio Official
Binarunging kidung tresna
Mangka prasetyaning jiwa
Nadyan pinalangan samodra hagni
Datan mingguh tan pekewuh
Genging tresna mbingkas sakehing rubeda
Oooo
Sumawur cahya lintang
Asri rinengga ing awang-awang
Anyekseni prasapaning ati
Amung sira juwita kang tak tresnani
Sinurung ing pamuji
Ubayane datan mbalenjani
Labuh tresna akeh ing rubeda
Panyuwunku kukuh ing prastya
Senadyan nyabrang samodra hagni
Setyaku ora bakal sun lincati
Senadyan munggah pucuking arga
Tresnaku ra bakal sirna
Sakehing rubeda kang tumeka
Sirna awit gedhene rasa tresna
Sinawung kidung Asmaranala
Setya tumeka oncating nyawa
Nimas wong ayu jejimating tilamsari
Ya mung sira
Ya mung sira mangka mustikaning nala
Nadyan sewu widodari tumurun ing arcapada
Sedyaku ora bakal kengguh ing prasapa
Nyuwuna mudune lintang klaran rembulan
Yekti bakal sun wujudi awit
Awit genging tresnaku marang sliramu yayi
Sakehing rubeda kang tumeka
Sirna awit gedhene rasa tresna
Sinawung kidung Asmaranala
Setya tumeka oncating nyawa
Setya tumeka oncating nyawa