收聽Wahyu F Giri的Lamunan歌詞歌曲

Lamunan

Wahyu F Giri2024年1月24日

Lamunan 歌詞

Lamunan - Wahyu F Giri

Lyrics by:Wahyu Fajar Giri

Composed by:Wahyu Fajar Giri

Sumribit angin ratri tansah angenteni

Setya nrajang telenging ati

Angen angen tumlawung suwung ing wengi sepi

Tansah angranti tekamu dhuh yayi

 

Wong ayu age nyedhak'a ing sandhingku

 

Nyawang manising esemu

Gawe lereme rasaku tentrem ing atiku

Haywa pedat tresnamu sayangku

Pindha samudra pasang kang tanpo wangenan

Tresnaku mring sliramu sayang

Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang

Yekti sliramu kang dadi lamunan

 

Wong ayu age nyedhak'a ngekep ragaku

Sirnakna lara branta ing atiku

Amerga kabidhung wewayangmu ing pikirku

Haywa pedat tresnamu dhuh sayangku

Pindha samudra pasang kang tanpo wangenan

Tresnaku mring sliramu sayang

Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang

 

Yekti sliramu kang dadi lamunan