Lirik Pangkur Banyumasan
Pangkur Banyumasan - Sangga Buana
Lyrics by:No Name
Composed by:Sangga Buana
Raden Harya Werkudara
Nyata lamun satriya jodipati iiiii
Prakoso gagah gung luhur
Godeg wok simbar jaja
Yen ngendika gereng gereng pinda guntur uuu
Dasar satriya prawira rama
Eling kula eling gunungane senapati
Eling-eling sapa lali kelingan
Eling-eling sapa eling baliya maning
Jambe dawe disigar dadi selawe rama
Mung sawiji mung sawiji
Mung sawiji kang dadi pilihan aku
Eling-eling sapa eling baliya maning
Janur gunung sakulon banjar patoman rama
Kadingaren kadingaren
Kadingaren kang bagus gasik tekane
Eling-eling sapa eling baliya maning
Sayur pace lembayung pait rasane rama
Mangsa borong mangsa borong
Mangsa borong kulo nderek sak kersane
Eling-eling sapa eling baliya maning
Doro ijo bendo ijo sakurungan rama
Jo maido jo maido
Jo maido nanggap sinden isih bodo
Eling-eling sapa eling baliya maning
Jambe dawe disigar dadi selawe rama
Mung sawiji mung sawiji
gending²banyumas enak banget gawe jogetan lagi wayah leren kerja bisa libur ati