Lirik Jamu Pegel Mlarat
Dek, reneo tak kandani
Ojo menjap menjep nggatelne ati
Dek, ndang gawekno kopi
Ndasku ngelu ket wingi durung ngopi
Yen dikongkon mbok yo ndang dilakoni
Ojo tambah kok tinggal ndelok tipi
Mas mbok yo koe ngerti
Duit sing endi digawe tuku kopi
Belanjane gak mbejaji
Bumbu dapur kabeh entek kari terasi
Aku isin pirangdino ditagihi
Sok kapan utangmu kok sauri
Tak rewangi kerjo nganti bengi
Tak rewangi koyo ora mesti
Tak rewangi ngider tekan bali
Nanging kayane ora mesti
Sakjane aku wes ora kuat
Sakjane aku yo emoh mlarat
Kepengen nduwe sedan mengkilap
Duit sak milyar lan omah tingkat
Sakjane aku yo ora kuat
Sakjane aku yo emoh mlarat
Golekno jamu pegel mlarat
Sopo ngerti mbesok dadi konglomerat
Dek, reneo tak kandani
Ojo menjap menjep nggatelne ati
Dek, ndang gawekno kopi
Ndasku ngelu ket wingi durung ngopi
Yen dikongkon mbok ndang dilakoni
Taon depan mas shodiq calone ganti
Mas mbok yo koe ngerti
Duit sing endi digawe tuku kopi
Belanjane gak mbejaji
Bumbu dapur kabeh entek kari emi
Aku isin mbendino ditagihi
Sok kapan utangmu kok sauri
Tak rewangi kerjo nganti bengi
Tak rewangi koyo ora mesti
Tak rewangi miter tekan pati
Nanging kayane ora mesti
Sakjane aku wes ora kuat
Sakjane aku yo emoh mlarat
Kepengen nduwe Alphard mengkilap
Duit sak milyar lan omah tingkat
Sakjane aku yo ora kuat
Sakjane aku yo emoh mlarat
Golekno jamu pegel mlarat
Sopo ngerti mbesok dadi konglomerat
Sopo ngerti mbesok dadi konglomerat
Lagu terkait
Komentar untuk Jamu Pegel Mlarat (5)
nyanyian e maljum

mantap memang idolaku bang sodik
joos menghibur
Joz lagunya aku suka
asalamuallaikum wr wbt selaamat malam cantik apa kabar nya hari ini salam kenal .