
Lirik Lgm. Dongengan
Lgm. Dongengan - Gesang
Lyrics by:Gesang
Composed by:Gesang
Sinten purun kulo dongengi
Dongenge sadulur ndeso
Sugih sawah lan sugih pari
Ayeman ati ora murko
Ageng labuhe dateng negari
Rupo harto lan rupo bondho
Jaman gerilyahe nguni
Tiyang kutho ngungsi teng ndeso
Si kakang lan mbakyu sing nampi
Lahir batin suko lan rilo
Njamin panggenan lan njamin tedhi
Lowong senadyan coro ndeso
Pocape mbiyen naliko kuwi
Sopo wonge podo rumongso
Terima kasih batine muni
Suk yen aman walesku opo
Tutuge dongeng puniki
Indonesia pun merdhiko
Dikantheni tatanan adi
Ngajeni mring podo manungso
Walinge sing ndongengke niki
Yen kakang lan mbakyu teng kutho
Wales yo ojo nganti lali lan ojo disio-sio
nderek mireng saking pekalongan,,, ayem tentrem