Lirik Cerito Loro
Tak tembangke lagu iki kanggo sliramu sing paling tak tresnani
Getun ati iki, aku ra nepati janji
Aku lungo tanpo kondo mergo kedanan wong liyo
Kelingan biyen dewe ketemu
Kowe janji ra bakal nglarani atiku
Segampang iki caramu mupus roso tresnoku
Aku ra bakal lali, tekan kapan ra bakal tak ngapurani
Kowe lungo ninggal aku, atiku loro
Ora nyongko kowe gampang keno godho
Aku raiso nompo lehmu dolanan tresno
Tak akoni pancen aku iki dudu sopo sopo
Sing gede pangapuramu, lungaku ninggal tatu
Wes gawe loro atimu
Aku ra butuh tresnomu, kabeh kuwi mung palsu
Tak buang roso tresnoku, korban janji manismu
Tak jaluk pengertianmu
Ojo dadi loromu, nen tulung ngapuranen aku
Ati iki dudu dolanan, dudu pelampiasan
Senadyan uripku pas-pasan, aku wani kelangan
Ora perlu tok getuni cerito loro iki ora bakal tak baleni
Kowe lungo ninggal aku, atiku loro
Ora nyongko kowe gampang keno godho
Aku raiso nompo lehmu dolanan tresno
Tak akoni pancen aku iki dudu sopo sopo
Sing gede pangapuramu, lungaku ninggal tatu wes gawe loro atimu
Aku ra butuh tresnomu, kabeh kuwi mung palsu
Tak buang roso tresnoku, korban janji manismu
Tak jaluk pengertianmu ojo dadi loromu, nen tulung ngapuranen aku
Ati iki dudu dolanan, dudu pelampiasan
Senadyan uripku pas-pasan, aku wani kelangan
Ora perlu tok getuni cerito loro iki ora bakal tak baleni
Ora perlu tok getuni cerito loro iki ora bakal tak baleni