Lirik Gelo Manthous
Gelo gelaning atiku
Yen kelingan jamane semono
Pisan ketemu sliramu
Katone nyoto kenyo idamanku
Tego tegane atimu
Gawe gelo lan gawe kuciwo
Kadhung ning atiku wis kadhung loro
Ora ngiro lan ora nglegewo
Eman wong ayu tak eman-eman
Wong tenanan dikiro aku dolanan
Eman wong ayu tak eman-eman
Manis ing lathimu gawe cuwaning atiku
Ukir-ukir dik kayune Jeporo
Wajik klethik enak dinggo wedangan
Yen tak pikir ning ati wes kadhung loro
Luwih becik sing becik nggo geguyonan
Eman wong ayu tak eman-eman
Wong tenanan dikiro aku dolanan
Eman wong ayu tak eman-eman
Manis ing lathimu gawe cuwaning atiku
Ukir-ukir dik kayune Jeporo
Wajik klethik enak dinggo wedangan
Yen tak pikir ning ati marakke loro
Luwih becik sing becik nggo geguyonan
Lagu terkait
Lagu Populer