Lirik Gending Jaranan Tembang Kutho Blktar
Wes tinatah ing prasasti nuswantoro
Tanah Jowo nyoto papane satriyo
Pecah dodo nganti kutahing ludiro
Kapilosah budi leluhuring bangsa
Kutho Blitar nyoto salah sawijine
Kesatriyan nyoto senopatine
Supriyadi wis kaloko asmane
Kutho Blitar dadi babat lelabuhe
Aryo Bimo putro paring asmo
Budidoyo mrih rahayune bangsa
Dwi warna tetunggul busana iro
Merdeka pitulas Agustus papat limo
Kutho Blitar nyoto salah sawijine
Kesatriyan nyoto senopatine
Supriyadi wis kaloko asmane
Kutho Blitar dadi babat lelabuhe
Wes tinatah ing prasasti nuswantoro
Tanah Jowo nyoto papane satriyo
Tansah luntur nganti kutahing ludiro
Kapilosah kusumo lampuh ing bangsa
Kutho Blitar nyoto salah sawijine
Kesatriyan nyoto senopatine
Supriyadi wis kaloko asmane
Kutho Blitar dadi babat lelabuhe
Aryo Bimo putro paring asmo
Budidoyo mrih rahayune bangsa
Dwi warna tetunggul busana iro
Merdeka pitulas Agustus papat limo
Kutho Blitar nyoto salah sawijine
Kesatriyan nyoto senopatine
Supriyadi wis kaloko asmane
Kutho Blitar dadi babat lelabuhe