Lirik Lamunan
Lamunan - Putri Kristya
Lyrics by:Wahyu F Giri
Composed by:Wahyu F Giri
Pindha samudra pasang kang tanpo wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Sumribit angin ratri tansah angenteni
Setya najang telenge ati
Angen angen tumlawung suwung ing wengi sepi
Tansah angranti tekamu dhuh yayi
Wong ayu age nyedhak o ning sandhingku
Nyawang manise esemu
Gawe lerem e rasaku tentrem ing atiku
Haywa pegat tresnamu sayangku
Pindha samudra pasang kang tanpo wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Wong ayu age nyedhak o ngekep ragaku
Sirnakno lara branta ning atiku
Amerga kabidhung wewayang mu ing pikirku
Haywa pegat tresnamu dhuh sayangku